Dinas Perpustakaan lan Kearsipan (Dispusip) Kabupaten Bantul lumantar Bidang Perpustakaan nglaksanaaken layanan perpustakaan keliling wonten ing dinten Kemis, 13 Agustus 2026. Kegiyatan menika kalampahan wonten ing SD Sriharjo minangka salah satunggaling upaya kagem nggampilaken akses layanan perpustakaan dhumateng masyarakat, mliginipun para siswa wonten ing tlatah sekolah.
Layanan perpustakaan keliling minangka salah satunggaling wujud pelayanan Dispusip Kabupaten Bantul kagem nyelaaken kaliyan bahan waosan lan informasi tumrap masyarakat. Lumantar layanan menika, para siswa wonten ing SD Sriharjo pikantuk kalodhangan kangge maos lan milih maneka warna koleksi buku tanpa kedah sowan langsung dhumateng gedung perpustakaan daerah.
Wontenipun layanan perpustakaan keliling wonten ing SD Sriharjo dipun tampi kaliyan petugas layanan perpustakaan sekolah, Ibu Siti Aminah. Para siswa katingal remen sanget nalika ningali mobil perpustakaan keliling kaliyan milih koleksi buku ingkang sampun kapacak, jumbuh kaliyan minat lan kabutuhanipun. Koleksi buku ingkang dipunbeta wonten ing layanan perpustakaan keliling kalebet maneka warna bahan waosan ingkang trep kangge para siswa, wiwit saking buku cariyos, kawruh umum, dumugi waosan edukatif sanèsipun. Maneka warni koleksi menika dipunajab saged maringi pengalaman maos ingkang nyenengaken saha nambah kawruh lan wawasan para siswa.
Layanan perpustakaan keliling menika gadhah ancas kagen ningkataken minat lan budaya maos wonten ing kalangan para siswa, saha nuwuhaken pakulinan migunakaken buku minangka sumber kawruh. Sak bentenipun menika, kagiyatan menika ugi dados sarana kangge ngenalaken perpustakaan minangka papan sinau ingkang saged dipun gunaaken kagem pikantuk informasi lan ngrembakakaken wawasan.
Sajroning kagiyatan kalampahan, para siswa dipunparingi kalodhangan kangge milih saha maos buku ingkang dipunremeni. Antusiasme para siswa nalika milih koleksi buku nedahaken bilih para siswa gadhah kawigatosan ingkang sae dhumateng bahan waosan ingkang sampun dipunsadhiyakaken. Bab menika dados perangan wigatos ing upaya nyengkuyung mujudaken lingkungan sekolah ingkang nyengkuyung pangembangan budaya literasi.
Lumantar layanan perpustakaan keliling, Dispusip Kabupaten Bantul tansah ngupadi kangge maringi layanan perpustakaan ingkang gampil dipunakses lan saged dipun ginaaken dening maneka warna lapisan masyarakat, kalebet para siswa. Kagiyatan punika ugi dados perangan saking upaya pemerataan akses dhumateng bahan waosan lan informasi, saha nyengkuyung penguatan budaya literasi wonten ing lingkungan pendidikan.
Dispusip Kabupaten Bantul ngajeng-ajeng supados layanan perpustakaan keliling menika saged maringi paedah tumrap para siswa saha warga sekolah SD Sriharjo, sarta saged ndadosaken saya tuwuhipun pakulinan maos wiwit yuswa enem. Kanthi dhukungan saking pihak sekolah saha partisipasi aktif para siswa, layanan perpustakaan keliling dipunajab saged tansah maringi kontribusi ingkang nyata kangge ningkataken minat maos, ngagengaken wawasan, saha mbangun masyarakat Kabupaten Bantul ingkang literat.


