Bantul – Dinas Perpustakaan saha Kearsipan (Dispusip) Kabupaten Bantul badhe ngaturaken panyengkuyung dhumateng salah satunggaling sekolah, inggih punika SMP N 3 Kasihan, ingkang mapan wonten ing Gendeng, Bangunjiwo, Kapanéwon Kasihan, nalika dinten Rebo (13 Agustus 2025). Kegiatan punika minangka pendampingan kaping kalih kanthi ancas nyumadani, menapa para pengelola perpustakaan sampun saged ngempalaken lan nyukupi sedaya pirantos saha pranatan ingkang dados syarat akreditasi.
Pendampingan punika kapundhut déning para pustakawan saking Bidang Perpustakaan Dispusip, kanthi tulus paring piwulang, pitedah, saha pamrayogi supados saben komponèn bukti dhukung saged kasempurnakaken. Kepala Sekolah SMP N 3 Kasihan kanthi andhap asor ngaturaken panuwun sanget dhumateng Dispusip Bantul, awit sampun kepareng longgaraken wekdal saha kawruh, lan nyengkuyung tim perpustakaan supados tansah semangat ngempalaken bukti fisik ingkang taksih kirang.
Mugi kanthi panyengkuyung punika, SMP N 3 Kasihan saged angsal asil akreditasi ingkang ngremenaken mumpuni, sarta saged ngluhuraken mutu layanan perpustakaan, satemah para siswa lan para guru langkung betah, semangat, saha pinanggih kauntungan saking kawruh ingkang kasebar.
Salam Literasi! Monggo Maos!
Bantul Pinter… Bantul Maos…
#dispusipbantul
#dpkbantul
#dispusip2025