Pawiyatan Pangelolaan Arsip kangge Masyarakat utawi Kalurahan wonten ing Bale Dusun Tonalan

Bantul, 18 September 2025. Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Kabupaten Bantul nyemang malaksanakaké Pawiyatan Pangelolaan Arsip kangge Masyarakat utawi Kalurahan. Ing dinten menika, pawiyatan kalaksanan wonten Balé Dusun Tonalan, Kalurahan Argosari, Kapanewon Sedayu, Kabupaten Bantul. Kagiyatan punika dipunwiyos dening Bapak Susanto, Ketua Koperasi Mimba Sedayu. Kaping kalih Bapak Agustinus Sulistyo Djati, Anggota Dewan Komisi D DPRD Kabupaten Bantul. Kaping tigo, Ibu Zanita Sri Andanawati, SE, MM, Plt. Sekretaris Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Kabupaten Bantul. Ing wekdal sonten menika, ingkang ndadosaké pamateri inggih punika Ibu Noni Mujiasih, A.Md., minangka Arsiparis Penyelia saking Dinas Perpustakaan lan Kearsipan. Materi ingkang kaparingaken inggih punika pangelolaan arsip kulawarga kaliyan wonten koperasi. Kanthi para rawuh ibu-ibu kaliyan bapak-bapak saha Anggota Koperasi Mimba Sedayu. Mugi kanthi anané pawiyatan punika, masyarakat saged ngelola arsip kulawarga kaliyan koperasi kanthi langkung sae.